Syi’ir Tanpo Waton
Gus Dur
Astaghfirulloh robbal barooyaa
Astaghfirulloh minal khothooyaa
Robbil zidnii ‘ilman naafi’a
Yaa Rosulalloh salamun ‘alaik,
Yaa Roofi’a syaani wad daroji
Athfatay yaa jiirotal ‘alami
Yaa uhailal juudi wal karomi....2x
Ngawiti insun...nglaras singiran,
Kelawan muji marang pangeran
Kang paring rahmat lan kenikmatan
Rina wengi ne tanpa petungan....2x
Duh bala kanca...priya wanita
Ojo mung ngaji syari’at blaka
Gur pinter dongeng nulis lan maca
Tembe mburine bakal sengsara...2x
Akeh kang apal Qur’an Hadits e
Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe gak digatek e
Yen iseh kotor ati akale...2x
Gampang kabujuk nafsu angkara
Ing pepaese gebyaring donya
Iri lan meri sugih e tangga
Mula atine peteng lan nista...2x
Ayo sedulur jo nglaleake
Wajibe ngaji sak pranatane
Nggo ngandelake iman tauhid e
Baguse sangu mulya matine...2x
Kang aran sholeh bagus atine
Kerana mapan sari ilmune
Laku thareqot lan ma’rifat e
Uga hakikat manjing rasane...2x
Al Qur’an qodim wahyu minulya
Tanpa tinulis isoh diwaca
Iku wejangan guru waskita
Den tancepake ing jero dada..2x
No comments:
Post a Comment